WEJANGAN ULAR-ULAR KANGGO TINGGALAN ANAK PUTU
Komentar by email : errikokusuma at yahoo.co.id
Kanggo pengeling-eling anane aku,….. anane simbah-simbah jaman biyen lan kanggo pepeling ular-ulare poro pinisepuh sing turun temurun, eneng ing papan iki aku bakal nglestarekake opo kang kudu di ngerteni tumrap anak lan putuku mbesok yen aku wus kapundhut.
Ular-ular iki tak jupuk soko, sumber-sumber kang miturut aku pas koyo wejangan simbah-simbah biyen,…. lan tulisan iki tak gawe pancen dienggo kalangan aku sak tumurunku mbesok.
yo menowo eneng nara sumber sing kroso, artikele tak enggo, niatku mung bakal nguri-uri opo kang dadi nasehat lan wejangane simbah,… mbok menowo anane tulisan iki iso dadi dasar aku, anakku, lan putuku mbesok anggone nglakoni kewajiban urip, biso toto titi tentrem.
Abot enthenge urip kuwi kabeh mung kari nglakoni, yen awake dhewe nganggep abot mula urip tansah kroso abot, rekoso ananging yen awake dhewe rumongso urip iku entheng mulo kroso kepenak.
Ananging kudu adedasar urip tenanan, tansah nrimo ing pandum, setiti ngati-ati lan ora keno jail marang sak podo-podo.
Nuladhani laku kang utomo bisa nyegah tindak angkoro lan bisa ngendalekake sifat papat sing manjing ono ing badan kito.
Mulo soko kuwi,…. anakku, putuku lan sak tumurunku sing sregep sinau silsilah, supoyo kowe kabeh ngerti sopo kang dadi sedulurmu, yen kowe ngerti iku sedulur kowe tansah rukun,…. ora ono cidro…….. sing ono mung tentrem lan tentrem. ![]()